Kamis, 21 Juli 2011

Atur Pambagya Harja Temanten

ATUR PANUWUN  
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh. Nuwun, Kanti ngunjukaken raos pujo lan puji syukur almandulillah saha tansah nyuwun lumunturing sih rohmat saha berkah saking gusti Allah SWT, mugi dipun parengaken angen kulo badhe hanetepi darmaning asepuh hangemah – emahaken anak kulo pambanjeng, inggih pun :

Adam
  
dhaup kaliyan

Hawa

Inggih awit saking puniko sadereng lan sasampunipun keparengo kulo sakulowargo nyuwun agunging pangapunten dene kumowatun ngawuhaken panjenengan, ingkang tundhonipun kulo suwuni sih pitulungan mugi kerso paring seserepan, iguh ratikel saha sanes-sanesipun, angen kulo badhe hamengku dhamel benjing ing dinten : Sabtu Pon suryo kaping : 29 Desember 2008 wanci tabuh : 10.00 WIB mapan ing gedung “puri putri “  Boyolali . Awet Kulo Saestu ngumaosi cupet ing samukawisipun, ingkang puniko kulo ngaturaken agunging panuwun . Salajengipun keparengo panjenengan kulo suwun dados panitya pahargyan tasyakuran penganten wiwit puwo ngantos wusananing dhamel anggen kulo miwoho ngemah – emahaken anak kulo kasebat ing nginggil. Mboten sanes sadoyo kala wau kanti panyuwunan saha panggajap sagedho lancak sae, wilujeng ing sadayanipun saha mboten sanget-sanget sarudinulu ing ngakatah . Ingkang puniko mugi wonteno kalonggaran panjenengan saha tansah pikantuko ridho saking gusti Allah SWT . Amien , Ya Robbal Alamin . 

Wassalamu’alaikum Warrohmatullohi Wabarakatuh .

Badran, 9 Februari 2008
 
Atur Kulo Kekalih
 
Suroso

1 komentar:

Kok cumak pembuka sma penutup doang?

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More